Sabtu, 16 Juli 2011

Kartu pelanggan sumber kencono

Wingi muleh ky jam12 diterke sigit nek njanti. Ngenteni bis sambi ngebul. Wahahaha... EKA liwat,ora ah larang. :p ngenteni sumber kencono wae karo ngentekne udud sik. :D

Lha wis tekan bise,mangkat sik cah,dongakne slamet.nek bis takon2 ro kenek,jare jenenge ganti pak,kok koyone podo wae. Lha jare keneke ora kabeh,mung cabang ngendi ngunu sing ganti.*kok koyo sidomar wae nganggo cabang mbarang*wkwkwk...bar mbayar malah oleh "kartu pelanggan sumber kencono" plus potongan harga.sip!*asal ojo potongan nyawa wae kang*wakakaka...

Ditinggal turu dilut kok wis tekan solo.badalah...*pingsan maneh*.tangi meneh bingung,iki tekan endi yo?kok kayak kertosono..*beberapa menit kemudian*lha kok kenek e ngomong "mediun...terminal".wakaka jebule sih tekan mediun. Yowislah turu meneh wae.

Akhirnya tekan,oper bis harapan jaya. Nek iki bise enak.mulai lungguh wis nguantuk.bar mbayar langsung tepar.tangi2 wistekan,tapi kebablasen kira2 4kilo wisan.wasem,mosok mlaku?numpak kol wae lah bareng ibu2 neng pasar.hehe... Wis tekan nggon oper,tapi kok koyone kesuwen nek ngenteni angkutan meneh. Ngojek akire..

Wis tekan omah kok raono uwong,mung rewange tok.rewange anyar sisan aku ra kenal.wahahahajigur! Untunge mbak sih nek omah rung mangkat. Jan asli kesel tur luwe, mangan trus turu!

Wis ah,arep turu meneh.*padahal isuk wis turu, awan mangan trus turu maneh*
Ndelok wis do turu kabeh kok ya ngantuk. -__-!

Selasa, 12 Juli 2011

festifal layangan di pantai glagah

piye nek meh crito ky, kudule wis apik padahal.

mulai ko jumat wae lah.
pas mulih kerjo, lali nek ono janji meh neng nggone ridwan ngeprint skripsi, lah padahal sesuk-e kudu jemput mbak tika nek terminal(tiwi gak ikut soalnya sakit :p). nah tapi ngeprintne lagi rampung jam12. lha ndadak menggeje nek kossan ridwan karo nyetel dangdutan. wakakakak

pas bali kos lha kok malah raiso turu, tapi dipekso (nek ra salah turu jam setengah 2. padahal jam 4 kui mbak tika teko terminal. ra nyongko kok jam setengah 4 iso tangi. sip langsung ke TKP. nunggu subuhan nek terminal, trus langsung mangkat nek pantai, hawane jan... adem tenan...
eh tapi tekan kono kisuken dadi kesane ra mbayar :p. langsung nek pantaine dolanan pasir ro ombak. eh tapi tuku batagor sikik men rodo anget :p. bingung to meh ngopo? yowis gawe istana pasir. wahahahah...ramutu tenan og.
wis awan trus biasane luwe, yowis mangan... eh tapi meh ngenteni icang sih jarene statuse wis mangkat.lha kok di-sms malah sih nyetatus (doh). yowis rasido mangan2 yo cang =))
akhire gak sido pesen kepiting sak porsi, tapi setengah porsi wae :D. sing nggarai kemekelen ky yo ecpresine mbak tika pas cupit kepitinge ceblok. wah jan melas tenan, padahal bagian paling enak iku. wiihihihihi....

kiro2 setengahjan po sak jam icang njur teko. langsung melbu nek parkiran. padahal aku nek tempat makan. yowis gek mbayar trus gabung. ngobrol sedelo trus aku mulih sikik. nek ndalan ky kok yo ngatuk to. leren ping 3 op ya koyone. tekan kos tepar. shoim telpon ra tangi, untung ono marga sing mbukakne lawang kosan.wkwkwkwkkww...
sesuk-e wis arep mangkat si ihsan jare kon ngenteni, eh tapi kok malah mangkat sikik. hajigur tenan og,tiwas dienteni mangkat sikik. akhire mangkat bareng wong telu aku shoim adhi gowo motor dewe2, ngampiri nisa, ketemu icang ro ria, mangkat!

wis tekan ky langsung wae golek nggon parkir trus ndelok layangan. tapi kok rung seru, yowis neng pantai sikik. ndelok ombak sing teratur kok yo pingin ciblon, pertamane ragu meh ciblon mergane ra gowo salin. tapi akhire yo tekan tengah, wahahahahha.... asik je dolanan ombak, sampe disemprit penjaga pantaine ora gagas. wakakakaka... kadoan soko bates aman koyone, untung raono hiu-ne :D

bar mentas langsung ngelak tenan, tuku ngombe sik... bar kui ndelok layangan, nogone apik2, tapi sing iso mumbul sing paling apik(yo jelas ndes). si icang,ria lan shoin mulih sikik. aku adhi nisa sih ndelok sampe nogone entek. terakhir poto2 ro barongsai. oiyo sing sadurunge ketemu ro temon. inget temon waktu dimintai tolong motoin cewek2, wakakakaka....

wis ah bar ngono mulih, nek ndalan kok ngatuk. whehehehe kebiasaan. mampir indomaret tuku kopi. ora kroso ngaruh sih, tapi wis ora ngantuk. tekan kos kok ora tepar, malah begadang sampe jam 12. pegnaruh kopi apa ya.

cekap semanten wae lah, ngantuk.